Beksan Ronggeng

Tari ronggéng inggih punika kasenian tradisi ingkang yuswanipun sampun sepuh ing tanah Jawi. [1]Ronggéng miturut ètimologi saking kalih tembung yaiku rong lan géng. Rong tegesipun lubang lan géng  punika tegesipun nari, dados saged dipunsebat menawi ronggeng inggih punika penari ingkang nggadhahi lubang (penari tiyang èstri).

Miturut Darno Kartawi, ronggéng sadéréngipun prastawa G30S/PKI inggih punika kasenian rakyat ingkang dados perangkat kasejahteran dèsa, kaitanipun kaliyan adicara syukuran saksampunipun panèn pari. Bentuk pertunjukan ronggéng ing jaman mbiyén sering dipunsebat ngandhapaken para penarinipun. Amargi mbiyén ronggéng punika biasanipun dipunwiwiti ndalu ngantos ènjing.

Ing sela-sela pertunjukanipun penonton umum ingkang katiban sampur punika kedah nari sareng kaliyan ronggéng lan saged nindakaken suwelan utawi gembréngan. Ngantos pungkasan, pecahipun prastawa G30S ingkang dados kathah tiyang ingkang kalibat ing kagiyatan PKI dados sasaran “operasi pemulihan ketertiban dan keamanan”. Ing wekdal punika kelompok kasenian ronggéng kaicalan anggotanipun. Minangka seniman ronggéng Darno Kartawi, taun 1965 dipunanggep minangka masa resèsi kasenian.

[2]Miturut masyarakat ing èra mutakhir punika, ronggéng namung dipuntegesi minangka kasenian ingkang sipatipun profan, tèmporer, lan cenderung materialistis. Babagan kasebat mesthi medal amargi pengaruh saking budaya njawi ingkang langkung ègaliter lan bebas nilai. Ronggéng jaman saiki sampun kaicalan spesifikasi ingkang dipunsebabaken amargi masyarakat pendukungipun miwiti ninggalaken kapitayan-kapitayan kuno ingkang sampun kathah generasi dipunanut leluhuripun. Nanging, ing sisi sanèsipun ronggéng dados salah satunggaling kasenian ingkang paling berkembang ing Banyumas.


  1. Pudhadhita, Tiara (2012-01-06). [T Pudyadita - Interaksi Online, 2018 - ejournal3.undip.ac.id "REPRESENTASI PEREMPUAN PENARI DALAM KESENIAN RAKYAT RONGGENG(STUDI SEMIOTIKA PADA FILM SANG PENARI)"]. {{cite web}}: Check |url= value (pitulung)
  2. Pudyadhita, Tiara (2012-01-06). [T Pudyadita - Interaksi Online, 2018 - ejournal3.undip.ac.id "REPRESENTASI PEREMPUAN PENARI DALAM KESENIAN RAKYAT RONGGENG(STUDI SEMIOTIKA PADA FILM SANG PENARI)"]. {{cite web}}: Check |url= value (pitulung)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search